
Gurit: kagem pak Ronald
TUMUJU AYAHAN ANYAR
Dak suwun sliramu tansah sigrak.
Kaya jogete tari,
Sing ndadekake resep tumrape panyawang.
.
Dak suwun sliramu isih panggah, manembah manekung.
Nyenyuwun marang Gusti.
.
Nadyan ora uwal jroning panandhang.
Kaadhepana!
Kanthi pasuryan padhang.
.
Tawakal anggonnya nglampahi.
Tumeka yuswa panjang kanggo leladi.
Marang kulawarga, brayat masyarakat.
Munggahè bangsa, nagara miwah agami.
Mung sajumput gurit dadia pamiwit.
Mecak margining gesang.
Kang memantharan cahya, kanggo ngranggèh kèhing panjangkah.
(Bhumi Grafika, 3 Maret 2026)



