Ketemu Maneh

Wis udakara 3 tahun ora nate ketemu karo alumni Animasi angkatan loro SMK Negeri 11 Semarang Iki. Mas Fandhi Nugroho Lufti jenenge. Alumni iki pancen duweni kepekaan kang dhuwur melu nyengkuyung dunia pendidikan. Isih kelingan rikala dheweke isih kuliah ing Poliseni Yogyakarta, tetep asring sowan ing SMK Negeri 11 Semarang saperlu urun tutur, urun rembug, urun eguh pratikel saperlu sabiyantu kanggo adi-adine ing jurusan Animasi ben bisa tambah pinter lan prigel gawe film animasi. Nek ora saka iguh pratikele dheweke, tangeh ngganggo lamun, yen murid ing jurusan iki bisa magang ing studio internasional ing Batam. Kasile, sing jenenge Echtiyar nganti ditampa dadi animator ing kana.

Ora mung semono, deweke aweh sabiyantu kanggo majune jurusan Animasi. Kolaborasi karo Balai Diklat Industri Denpasar, uga dilakoni. Kanthi kegiatan Diklat lan uji kompetensi, tansah bisa gembleng murid lan pungkasane bisa mlebu magang ana ing Brown Bag Studio, satunggale studio internasional sing mapan ing Pulau Dewata ikut.

Perusahaan Vokase kang dirintis uga melu nglatih murid-murid gawe modeling 3D. Saiki deweke nyambung rapet maneh ing SMK N 11 Semarang kanthi ditampa nganggo asto sakloro. Dina, Rebo, tanggal 30 Juli 2025, dheweke bisa pepanggihan kalian Kepala Sekolah, Bu Imroatul Azizah, S.Pd, M.Si. “Melu seneng yen ana alumni sing peduli kanggo moncere sekolah”, ngendikane kepala sekolah kang kanthi gayeng pirembagan sakloron. Katon raket banget, kabeh sarwo gathuk leh padha ngendikan babagan SMK. Apa Iki ya, sing jenenge vibrasi positif? Jagate tansah nyengkuyung.

Kaserat dening Diyarko




Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Related Post

Murid Kelas X Animasi Ikuti Pra Magang

“Selamat pagi, Pak Diyarko, ini foto saya ditempat kantor mas Aaq”, tulis Kinan melalui WhatsApp. Ada rasa bahagia yang terlihat dari sorot matanya. Kinan merupakan salah satu murid kelas X Animasi 3, yang baru 2 minggu mengikuti kegiatan pembelajaran animasi. Namun berkat kegiatan one day one challenge yang ia tekuni, ia sudah memiliki portofolio yang […]

Sudahkah Keluar dari Zona Diam?

Apa sih yang sering dialami oleh siswa usai mengikuti test atau ujian? Umumnya mereka akan lebih santai atau diam dari aktivitas belajar karena merasa bahwa test atau ujian itu aktivitas akhir sehingga sebentar lagi akan memperoleh hasilnya. Ada kepuasan setelah mereka mendapatkan selembar kertas yang berisi angka-angka nilai dan tercatat pula tulisan “Anda naik ke […]

Pantik Konsistensi untuk Membangun GRIT

Salah satu ciri keberhasilan pembelajaran sebenarnya bukan terletak pada tingginya nilai yang diperoleh siswa. Ketika nilai menjadi satu-satunya tolok ukur, maka sebenarnya kita sebagai guru sedang bermain dengan cara-cara finite game, di satu sisi pendidikan itu sendiri merupakan infinite game. Ketika arah pembelajaran hanya untuk memperoleh nilai-nilai yang tinggi sebagai tolok ukur keberhasilannya, maka kita […]